Halaman

Kamis, 06 Agustus 2009

cErita Jawa_

Ekalaya kasil ngalahake Arjuna ing kaprigelan manah

ekalaya_soloarjuna_cirebon

Ekalaya iku raja nagara Paranggelung. Dheweke duwe jeneng liya Palgunadi Ekalaya. Prameswarine Ekalaya jenenge Dewi Anggraini sing kondhang kasetyane. Ekalaya mujudake raja sinatriya sing adreng nggegulang dhiri ing ilmu kaprajuritan lan ilmu perang.

Dheweke antuk warta yen ing nagara Astina ana sawijining guru sing mulang ilmu manah marang Pandhawa lan Kurawa. Ekalaya banjur nemoni guru kondhang kasebut sing ora liya Resi Drona. Ekalaya ora ditampa dadi siswane Drona. Nanging dheweke panggah pengin meguru marang Drona lan banjur tumuju ing tengahing alas gedhe.

Ing tengah alas iku Ekalaya gawe patung sing wujude memper Drona. Ing papan kono Ekalaya ajar manah kanthi kairingan rasa yakin yen dheweke ditunggoni dening Resi Drona. Saben arep gladhen manah, luwih dhisik Ekalaya timpuh ing ngarepe patung Drona kanggo njaluk pangestu supaya kasil dadi satriya sing wegig temen-temen ing kaprigelan manah.


Ing antarane siswa-siswane Drona sing pinter lan wegig dhewe ing kaprigelan manah yaiku Arjuna. Sawijining dina, Arjuna mbebedhag ing alas gedhe. Dheweke lumebu ing alas gedhe iku lan kanthi ora sengaja nyedhaki papane Ekalaya gladhen manah. Asu ing ngiringi Arjuna mbebedhag njegog-njegog amarga weruh Ekalaya.

Arjuna sing cubriya amarga asune ora leren-leren anggone njegog banjur nggoleki apa sing dadi sababe. Arjuna banjur nututi playune asu. Dene ing arah liya, Ekalaya sing krungu panjegoge asune Arjuna banjur ngarahake panahe ngener asale swara asu njegog kasebut.

Wusana pitung panah ngeplas bebarengan saka gandhewane Ekalaya. Lan bebarengan iku, swara asu njegog banjur kandheg saknalika. Kamangka nalika menthang gandhewane Ekalaya ora ngerti ana ngendi dununge asu sing njegog-njgeog iku. Dheweke mung ngenerake panahe ing arah asale swara asu njegog.

Arjuna kaget amarga asune leren njegoge lan luwih kaget maneh nalika weruh ing congore asu ana panah pitu tumancep. Weruh kaanan mangkono kuwi, Arjuna dadi muntab lan banjur nggoleki sapa sing manah asune. Wusana Arjuna sapatemon kalawan Ekalaya.

Kekarone banjur sarujuk tetandhingan manah. Ananging Arjuna ora kasil ngasorake kaprigelan manahe Ekalaya, Arjuna ngaku kalah. Mangsuli pitakone Arjuna, Ekalaya ngandharake yen kaprigelan manahe amarga piwulang gurune. Sabanjure Ekalaya nuduhake patung memper Drona sing dianggep gurune kuwi. Arjuna dadi kaget nalika weruh yen patung kuwi pancen patunge Drona. Dheweke banjur lunga ninggalake Ekalaya lan ngadhep Resi Drona.

Ing sangarepe Drona, Arjuna nutuh yen Drona ora temen-temen anggone nggegulang manah dheweke. Drona dhewe kaget krungu panutuhe Arjuna iku. Drona banjur sumpah yen kabeh ilmu kaprigelan manahe wus diturunake marang Arjuna, nanging Arjuna panggah ora precaya kanthi bukti kalah nalika andon kaprigelan manah kalawan Ekalaya.

Sabanjure Drona kairing Arjuna nemoni Ekalaya. Sawise sapatemon lan takon tinakonan, Drona njaluk kasetyane Ekalaya kanthi bukti nyata yen pancen dheweke pengin dadi siswane Drona. Ekalaya banjur ngikrarake kasetyane ing tembung lan tumindak, uga masrahake jiwa ragane marang Drona.

Wusana Drona ngethok jempol tangane Ekalaya. Kanthi mangkono Ekalaya kelangan kaprigelan manahe. Suwalike, Arjuna menjila dadi satriya sing prigel manah lan ora ana sing ngalahake ing arcapada. Ananging Ekalaya banjur ngucap sumpah yen dheweke bakal males tumindak deksiyane Drona iku ing perang Baratayuda. Sumpahe Ekalaya kawujud nalika Drona gugur ing pabaratan Baratayuda dening Drestadyumna sing kapanjingan rohe Ekalaya.


Posted in Basa Jawa | Tagged , ,